ntawis
Wikimedia Indonesia kaliyan
IKIP PGRI Semarang,
Universitas Diponegoro,
Universitas Gadjah Mada,
Universitas Indonesia,
Universitas Negeri Semarang lan
Universitas Negeri Yogyakarta sampun kawiwitan kaping 7 Mei 2012 lan badhé lumampah dumugi wulan April 2013.
Mangga tumut maringi swanten ing panyuwunan status checkuser utawi juru priksa alamat IP kagem para kuncèn
Pras,
Meursault2004,
Anggoro lan
TracySurya.
Pamilihan dipunwiwiti tanggal 1 Juni 2012 pukul 0:00 UTC lan
dipunpungkasi saénggalipun tanggal 15 Juni 2012 pukul 23:59 UTC lan
salat-latipun tanggal 31 Juli 2012 pukul 23:59 UTC.
Indonésia
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Républik Indonésia iku sawijining negara ing
Asia Kidul-Wétan. Kawentar kadidéné negara kang dumadi saka maèwu-èwu pulo, mula asring diarani Nuswantara (
Nusantara). Miturut
Departemen Dalam Negeri Republik Indonesia taun
2004, cacahing pulo ing saindhenging
Nuswantara ana 17.504 pulo.
Sacara administratif wilayah, ana 33 provinsi, 440 kabupatèn/kutha, 5.263 kecamatan lan 69.929 desa/kalurahan.
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Sajarah Indonésia
Ing samadyaning pangaruh agama
Hindu lan
Buddha, sawetara
karajan ngadeg ing pulo
Sumatra lan
Jawa wiwit
abad kaping-7 nganti
abad kaping-14. Tekaning pedagang-pedagang Arab saka Gujarat,
India sabanjuré nepungaké agama
Islam kang pungkasané dadi agama paling gedhé ing Indonésia.
Wong-wong Éropah teka ing pawitaning abad kaping-16 lan nalika iku
nemokaké negara-negara cilik. Negara-negara iku banjur kanthi gampang
dikuwasani supaya sabanjuré uga bisa nguwasani dol-tinuku rempah-rempah
ing tlatah kono.
Ing abad kaping-17, negara
Walanda kang nalika iku minangka negara paling kuwat ing tlatah Éropah, nelukaké negara
Inggris (British) lan
Portugis (kajaba tlatah jajahan
Portugis ing Timor Wétan). Bangsa
Walanda njajah Indonésia nganti mangsané
Perang Donya Kapindho. Wiwitané
Walanda ngedegaké
Syarikat Hindia Wétan Londho, yaiku armada niyaga rempah-rempah duwèké pamaréntah
karajan Walanda, lan sabanjuré ing wiwitaning abad kaping-19 kanthi kekuwatan prajurité wiwit blak-blakan njajah tlatah Indonésia.
Samangsa
Perang Donya II,
Walanda (Landa) dijajah karo
Jèrman, nalika kuwi
Jepun nguwasani Indonésia. Sawisé Indonésia kapilut ing taun
1942,
pihak Jepun sesora yèn para pejuwang Indonésia iku kanca dedagangan
sing kooperatif lan sedya nggelar prajurit yèn dibutuhaké.
Soekarno,
Mohammad Hatta,
K. H. Mas Mansur, lan
Ki Hajar Dewantara banjur antuk kanugrahan saka Maharaja Jepun ing taun
1943.
Ing Maret 1945, pihak Jepun nggawé sawijining jawatan kuwasa kanggo mardikakaké Indonésia, sabubaré
Perang Pasifik
rampung ing taun iku. Kahanan iki kasurung déning organisasi para
mudha, klompok pimpinan Soekarno nyoba supaya Indonésia bisa mardika.
Ing madya liya, Walanda ngirimaké pasukan kanggo ngrebut manèh Indonésia.
Samubarang pratingkah kebak getih kanggo nanggulangi para pejuwang
kanggo mardika mau banjur kondhang kanthi sebutan 'tumindak pulisi' (
Actie Politioneel). Pungkasané, Walanda gelem nampa hak bangsa Indonésia kanggo mardika ing
27 Desember 1949 sawisé kasurung-surung bangsa-bangsa liya, utamané
Amérika Sarékat. Soekarno dadi
présidhèn pisanan Indonésia kanthi Mohammad Hatta dadi wakil présidhèn.
Ing warsa
1950-an lan
1960-an, pamarintah Soekarno wiwit mangayubagya blok sosialis, kaya ta
Republik Rakyat China lan
Yugoslavia. Ing taun
1960-an uga kedadèn konfrontasi adu tiyasa karo negara tangga,
Malaysia, lan nggresulané para kawula amarga urip kecingkrangan tambah ndadra.
Jendral
Soeharto dadi présidhèn ing taun
1967 kanthi alesan ngamanaké negara saka anceman
komunisme tumrap Soekarno sing nalika kuwi sansaya tanpa daya. Sawisé Soeharto nyekel kuwasa,
PKI
dibubaraké lan warga Indonésia sing dikira cawé-cawé lan mélu komunis
akèh sing mati. Ing 32 taun pamarintahan Soeharto iku kasebut
Orde Baru, kanggo mbèdakaké karo jaman Soekarno sing kasebut
Orde Lama.
Soeharto kasil nyedhakaké manèh Indonesia marang negara-negara manca -
lan kasil nuwuhaké ekonomi sing manjila, ora kétang ora warata. Ing
wiwitan Orde Baru, strategi ékonomi negara digawé déning sapérangan ahli
ékonomi lulusan fakultas ékonomi
University of California at Berkeley,
sing diwènèhi gelar "kelompok Berkeley". Nanging, Soeharto lan
sakancané bisa dilèngsèraké sawisé unjuk rasa sing sumrambah ing
sadhéngah papan. Tambah manèh, negara lagi keblandhang utang amarga
krisis. Soeharto mudhun ing taun
1998.
Saka 1998 nganti
2001, ana telung (3) présidhèn sing mung sedhéla waé ngrasakaké kuwasa, yakuwi:
Bacharuddin Jusuf (BJ) Habibie,
Abdurrahman Wahid lan
Megawati Soekarnoputri. Ing taun
2004 présidhèn Indonésia sing anyar yaiku
Susilo Bambang Yudhoyono.
Indonésia saiki nggémbol prakara akèh, wiwit seka dhuwit, pulitik,
agama, lan rasa guyub. Aceh lan Papua nyoba luwar seka Negara Kesatuan
Républik Indonésia.
Timor Wétan malah wis ngumandhangké
kamardikané ing taun 2002 sawisé 24 taun dikuwasani Indonésia lan 3 taun ing panggulawenthahé
PBB. Masalah paling anyar sing katimpa negara iki yaiku anané samubarang karusakan jalaran alam.
Ing
26 Desember 2004,
tsunami nerjang puluhan éwu warga ing
Aceh lan
Pulo Nias,
Sumatra.
Kanggo tulisan luwih pepak, pirsani Pulitik Indonésia
Indonésia iku salahsijining saka telung negara (
India,
Indonésia,
Israel) sing nganggo sistem démokrasi kanthi pas lan bener ing pamaréntahané. Indonesia arupa negara
republik presidensial
multipartai sing demokratis. Kayadéné ing negara-negara demokrasi
liyané, sistem pulitik ing Indonesia didhasaraké marang Trias Politika
yaiku pamisahan kakuwasan legislatif, eksekutif lan yudikatif. Kakuwasan
legislatif dicekel déning sawijining lembaga sing jenengé Majelis
Permusyawatan Rakyat (MPR) sing dumadi saka rong badan yaiku DPR sing
anggota-anggotané arupa wakil-wakil Partai Pulitik lan DPD sing
anggota-anggotané makili provinsi sing ana ing Indonesia. Saben dhaérah
diwakili déning 4 wakil sing dipilih langsung déning rakyat ing dhaérahé
dhéwé-dhéwé.
Majelis Permusyawaratan Rakyat (
MPR)
iku lembaga paling dhuwur negara. Nanging sawisé amandemen ka-4 MPR
dudu lembaga paling dhuwur manèh. Kaanggotaan MPR owah sawisé Amandeman
UUD 1945 ing periode
1999-
2004. Kabèh anggota MPR iku anggota DPR, ditambah anggota
DPD (Dewan Perwakilan Daerah).
[1] Anggota DPR lan DPD dipilih liwat pemilu lan dilantik ing mangsa jabatan limang taun. Wiwit
2004,
MPR iku sawijining parlemen sistem rong kamar (bikameral), sawisé
kacipta DPD minangka kamar kaloro. Sadurungé, anggota MPR iku kabèh
anggota DPR ditambah Utusan Golongan. MPR wektu iki diketuani déning
Hidayat Nur Wahid. Anggota MPR wektu iki ana 550 anggota DPR lan 128 anggota DPD. DPR wektu iki diketuani déning
Agung Laksono, déné DPD diketuani déning
Ginandjar Kartasasmita.
Lembaga èksekutif pusaté dumunung ana ing présidhèn, wakil présidhèn,
lan kabinet. Kabinet ing Indonesia arupa Kabinet Presidensiil saéngga
para mentri tanggung jawab marang présidhèn lan ora makili partai
pulitik sing ana ing parlemen. Senadyan mangkono, Présidhèn wektu iki
yakuwi
Susilo Bambang Yudhoyono
sing diusung déning Partai Demokrat uga nunjuk sawetara pamimpin Partai
Politik supaya lungguh ing kabineté. Tujuané kanggo njaga stabilitas
pamaréntahan ngèlingi kuwaté posisi lembaga legislatif ing Indonesia.
Nanging pos-pos wigati lan strategis umumé diisi déning Mentri asal saka
wong sing dianggep ahli jroning bidhangé).
Lembaga Yudikatif wiwit mangsa reformasi lan anané amandemèn
UUD 1945 diayahi déning
Mahkamah Agung,
Komisi Yudisial, lan
Mahkamah Konstitusi, klebu pangaturan administrasi para hakim. Senadyan mangkono
Menteri Hukum lan Hak Asasi Manungsa tetep ana ing kabinèt.
Kanggo tulisan luwih pepak, pirsani Dhaérah-Dhaérah ing Indonésia
Indonésia iku negara paling jembar ing
Asia Kidul-Wétan sing ketata jroning provinsi-provinsi. Indonesia wektu iki dumadi saka 33
provinsi, lima ing antarané arupa dhaérah istiméwa. Saben provinsi nduwèni badan legislatur lan gubernur. Provinsi dipérang dadi
kabupatèn lan
kutha, sing dipérang manèh dadi
kecamatan lan manèh dadi
kelurahan lan
désa.
Provinsi
Nanggroe Aceh Darussalam,
DKI Jakarta,
D.I. Yogyakarta,
Papua, lan
Papua Kulon
nduwèni hak istiméwa legislatur sing luwiih gedhé lan tingkat otonomi
sing luwih dhuwur saka pamaréntahan pusat tinimbang provinsi liyané.
Contoné, pamaréntahan Nanggroe Aceh Darussalam nduwèni hak kanggo
mbentuk sistem hukum dhéwé; ing taun 2003, Aceh wiwit netepaké hukum
Syariah.
[2]
Yogyakarta olèh status Dhaérah Khusus minangka pengakon marang peran
wigati Yogyakarta jroning ndhukung Indonesia sajroning Revolusi
Indonesia.
[3] Provinsi Papua, sebelumnya disebut Irian Jaya, mendapat status otonomi khusus tahun 2001.
[4] Jakarta adalah daerah khusus ibukota negara.
Timor Portugis digabungkan ke dalam wilayah Indonesia dan menjadi provinsi
Timor Wétan pada 1979–1999, yang kemudian memisahkan diri melalui referendum menjadi Negara
Timor Leste.
[5]
- Provinsi ing Indonesia lan ibukuthané
Kanggo tulisan luwih pepak, pirsani Géografi Indonésia
Indonésia ana ing posisi antara 6º
LL – 11º
LK lan 95º
BW - 141º
BW, antara
Samudra Pasifik lan
Samudra Hindhia, antara
Bawana Asia lan Bawana
Australia, lan antara patemon 2 rangkeyan
pagunungan, yaiku Banjaran Pasifik lan Banjaran Mediteranian.
Indonésia nduwé luwih 18,000 pulo (watara 6000 ora dienggoni) kasebar ing sekitar
khatulistiwa, lan nduwé iklim
tropika. Pulo sing paling padhet pedunungé yaiku pulo
Jawa, separo pedunung Indonésia ana ing pulo iki. Indonésia nduwé 5 pulo gedhé, yaiku:
Jawa,
Sumatra,
Kalimantan,
Sulawesi, lan
Papua.
Lokasi Indonésia uga ana ing pinggir
lèmpèng tèktonik sing aktif kang ateges Indonésia asring kena
lindhu lan uga
tsunami. Indonésia uga nduwé akèh gunung geni, salah sijiné yaiku
gunung Krakatau ing selat Sundha.
Kanggo tulisan luwih pepak, pirsani Ékonomi Indonésia
Ing pungkasan taun 1990-an
Ékonomi Indonésia ngalami kamunduran amarga
krisis ékonomi sing ngenani sabagéyan gedhé
Asia wektu iku nanging Ékonomi Indonésia saiki wiwit stabil manèh.
Indonésia nduwé sumberdaya alam sing gedhé ing sanjabaning Jawa, antarané
lenga mentah,
gas bumi,
timah,
tembaga lan
emas. Indonésia iku eksportir gas bumi paling gedhé nomer loro ing
donya, ning akir-akir iki wiwit dadi importir lenga mentah. Kasil tetanèn kang utama antarané
beras,
tèh,
kopi, rempah-rempah lan janganan
lobak.
Mitra dagang Indonésia paling gedhé yaiku
Jepang,
Amérika Sarékat lan negara-negara tanggané yaiku
Malaysia,
Singapura lan
Australia.
Indonésia nduwé akèh sumberdaya alam lan pedunung, nanging isih
ngadhepi masalah kamiskinan sing sabagéyan gedhéné disebabaké korupsi
utamané ing pamarèntahan.
Bank sentral Indonésia yaiku
Bank Indonésia.
Kanggo tulisan luwih pepak, pirsani Démografi Indonésia
Yèn dideleng saklepasan, pedunung ing Indonésia bisa dipèrang dadi loro. Ing sisih kulon, pedunungé akèh saka
suku Melayu. Ing sisih wétan akèh-akèhé seka
suku Papua sing nduwé sesambungan karo
kapuloan Melanesia. Akèh pedunung sing mratélakaké pérangan saka suku sing luwih pramana, kang dipérang manut
basa lan asal wewengkon, upamané
Jawa,
Sundha,
Batak.
Islam
dadi agama mayoritas sing dianut udakara 87% pedunung Indonésia. Angka
iki ndadèkaké Indonésia dadi negara kanthi pedunung muslim paling akèh
ing ndonya. Sisané ngugemi agama
Protestan (8,9%),
Katulik (3%),
Hindhu (1,8%),
Buddha (0,8%), lan liya-liyané (0,3%).
Akèh-akèhé pedunung Indonésia migunakaké basa wewengkoné dhéwé kanggo pocapan padinan, Éwasemana,
basa Indonésia dadi basa resmi sing diajaraké ing sekolahan.
Sumrambahing pedunung Indonésia ora warata. Pedunungé mundhak
matikel-tikel kanthi angka sing dhuwur. Pulo Jawa sing aling padhet
pedunungé, lan uga dadi punjering pamarèntahan. Pulo
Jawa
iba vital lan strategis lan kudu digatèkaké temenan. Pedunung Indonésia
sing manggon anèng pulo-pulo sisih lor luwih sithik, tinimbang
negara-negara kaya ta
Jepang,
China lan
India.